Kencur Story 1#: Kencur Tetep Yakin, Semua Akan Indah pada Waktunya. Jare sapa?

- 13 Agustus 2023, 18:58 WIB
Nek tangimu awan, ora bakal komanan rezeki
Nek tangimu awan, ora bakal komanan rezeki /hasca/pixabay

INFO SEMARANG RAYA - Srengenge nang wetan omah wis dhuwur. Panase wis mulai nylomot nang awak. Ibune Kencur wis rampungan masak nggo maem awan.

"Cur...iki tulung jupukne panci nang ngisor kompor. Ibu arep madhahi sayur. Cur...tangi Cur..", ibune undang-undang ora disauri.

Jebul Kencur isih turu. Lambene mangap. Kamare ora karuan bentuke kaya kapal nggoling.

Sak wise lulus SMA pancen Kencur duwe tekad gedhe: pengin langsung kerja tanpa kuliah merga kondisie ibu ekonomi ibune orang mendukung kanggo mbiayai kuliah. Jane ya mulia kepinginane.

Nanging kabeh mau gur dadi angan-angan. Kencur malah dadi duwe hobi anyar yaiku tangi awan. Bar tangi trus dolanan pitik jago. Malah pitikr sing sregep diadusi. Kencur ora. Maksude ya adud dhewelah wong wis tuwa.

Jam sewelas Kencur lagi tangi. Mripate isih blawur nggo nyawang ibune. "Ibu kok dadi loro ya? Sing asli sing ndi ki?", ujug-ujug Kencur takon nang ibune. Dasar ibune pancen sayang banget karo anak tunggale iki, langsung panik.

Ibune menyat tangi marani Kencur. "Piye Le anakku? Kok kowe dadi blawur nyawang ibumu. Iki ibumu...", ibune njoget-njoget ben Kencur isa memastikan ibune sing ndi.

"Tetep ana loro. Kok nggliyeng saiki malahan", Kencur nggranggeh lemari kayu sing isine jajanan.

Pas ndemek roti sobek, Kencur isa ngarani. "Lhaaa nek iki jelas. Roti sobek sing wingi sore..".

Halaman:

Editor: Hascaryo Pramudibyanto

Sumber: hasca


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah