Kencur Story #2: Ayune Kunyit Marai Kencur Kepikiran

- 13 Agustus 2023, 18:51 WIB
Remaja, muda, dan ceeria
Remaja, muda, dan ceeria /hasca/pixabay

INFO SEMARANG RAYA_ - Masia durung nyambut gawe, Kencur wis mulai ngerti barang apik. Salah sijine yaiku anak Pak Lurah sing jenenge Kunyit. Jane Kunyit isih cilik, saiki kelas 2 SMA nanging bakat ayune wis terendus rapi nang sawangane Kencur.

"Ayu tenan si Kunyit kuwi ya, Jen...", Kencur njaluk pendapate Wijen. Wijen malah kaget lan nyawang rupane Kencur sing ora duwe dosa. "Kowe lho Cur, kabeh wong wedok mbok arani ayu. Wingi kae Jinten, saiki Kunyit, sesuk sapa maneh...", Wijen saya suwe sebel ngrungokake omongane Kencur. Nanging dasare bocah loro kuwi wis suwe anggone kekancan, mula ora pernah tukaran. Ana wae alasan sing marai mereka akur maneh nek bar beda pendapat.

"Aku kan gur mengagumi. Ora duwr pikiran piye-piye to Jen.

"Ah kowe biasaaa... Nek umpama Kunyit khilaf lan - naudzubillah gelem karo kowe - kampung iki bakalan geger. Kunyit anaka Pak Lurah, lha kowe? Tapi aku ora ngece ibumu lho Cur. Iki aku pengin kowe sadar. Aja ngimpi kedhuwuren", Wijen mulai panas atine.

"Ora. Aja kuatir nek aku ngimpi kedhuwuren. Aku ngimpiku sederhana wae. Isa entuk kerja, bayaran pasti ben sasi, bocah wedok kari nunggu. Aku ora pasang tarif larang merga aku sadar anake sapa. Ibuku buruh tani, lha aku gur ngopeni pitik alas", Kencur mulai merendah.

Wijen dadi luluh krungu omongane Kencur. Mengharukan. Masia Kencur ora patia bagus bocahe nanging isa meyakinkan wong liya bab kondisine. Muga-muga wae iki dudu drama.

Wijen njur ngene, "iya Cur bener. Kondisi keluargamu pancen isih prihatin. Kabeh wong kene ya ngerti. Tapi luwih apik maneh nek kowe gelem mulai kerja. Kerja apa wae pokoke halal. Ben tangga-tanggamu ngerti nek kowe peduli nang kondisine wong tuwamu. Ora kok dolanan pitiiiiiiik terus. Nek kuwi nyebelin, Cur. Isa-isa Kunyit mlayu wegah karo kowe", Wijen berusaha menasehati. Bar kuwi bocah loro ngakak bareng mikirke masa depane.***

 

Editor: Hascaryo Pramudibyanto

Sumber: hasca


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah